EKSPOSISI PIRANTI GAMELAN


1.      GONG
·    Gong yaiku salah sawijining piranti gamelan ingkang duweni wujud bunder gedhe ingkang digawe saka perunggu lan kalebu ing gamelan berpacu.
·    Cara nggunakake gong yaiku di penthung.
·    Amarga wujude gedhe, gong didelehake nggantung.
·   Kagunaane gong yaiku kanggo menehi tanda pungkasaning gatra lan uga kanggo menehi tanda ing wiwitan lan pungkasaning gendhing.
·   Gong nduweni wujud paling gedhe saengga nduweni swara paling rendah ing antarane piranti gamelan liyane.
·  Gong punika piranti ingkang paling dihargai saka kabeh perangkat gamelan amarga dianggep minangka nyawa gamelan.


2.      KEMPUL
·         Salah sawijining piranti gamelan ingkang di tabuh/pentung, biasane di gantung dadi siji karo piranti gong.
·         Kempul nduweni wujud mirip gong nanging luwih cilik.
·         Kempul ngasilake swara ingkang luwih duwur di bandingake gong.
·         Kempul nduweni aksen aksen penting  ing kalimat lagu/gendhing.
·         Kempul yaiku alat musik tradisional jawa ingkang di gawe saking timah lan tembaga.

3.      KEMANAK
·       Kemanak yaiku instrumen kang awujud kayata sendok, utawa gedhang sing agawe saking kuningan lan duweni bolongan dawa ing awake.
·   kemanak ditabuh kangge ngiringi tari, kayata tari bedhaya, tari serimpi lan          sapanunggalane.
·         Kemanak asale saka Jawa Timur.
·         Cara nggunakake kemanak yaiku di kethukke keloro sisine.
·         Kemanak bentuke sederhana, entheng lan gampang diunike.


4.      SITER
·      Siter yaiku salah sawijining gamelan ingkang nduweni 12 pasang senar kang direntangake kabeh sisihe ing kotak resonator lan wujude iku kotak dawa sarta awake siter digawe saka kayu jati.
·       Tembung siter asale saka Basa Belanda yaiku “citer” lan saka Basa Inggris yaiku “zither”.
·         Cara nggunakake siter yaiku dipetik nganggo jempol lan driji liyane digunakake kanggo nahan getaran.
·       Tempo ingkang digunakake ing piranti iki biasane cepet lan biasane kanggo iringan musik gamelan.


5.      REBAB
·         Rebab tembunge saka basa arab sing tegese “busur (instrumen)”
·         Rebab nduweni jejuluk kang akeh kayata rebap,rabab, utawa al-rababa.
·         Ukuran rebab biasane cilik,awake bunder lan sisih ngarep kecakup mambran.
·         Cara nggunakake rebab yaiku digesek kayata main biola.
·         Asale rebab yaiku saka Jawa Barat.
·         Rebab biasane duwe tangkai ing ngisor supaya bisa ngadheg ing tanah.



6.      CELEMPUNG
·    Celempung utawa clempung yaiku salah sawijing jinis gamelan ingkang nggunakake dawai utawa senar kayata siter lan kecapi.
·         Celempung nduweni kotak swara awujud trapesium.
·         Biasane digawe saka kayu jati utawa kayu nangka.
·         Cacah dawaine ana 32 wiji lan dawaine biasane digawe saka kawat tembaga.
·         Ing kraton utawa ing omah bangsawan, celempung diselehke ing ngisor meja kayu cilik ingkang 2 sikile yaiku luwih dawa saengga celempung kadudukane miring.
 

7.      SARON
·         Saron iku piranti gamelan jawa kang ditabuh.
·         Bentuke kaya lempengan emas kang disusun ing kayu. Saben lempengane iku duweni titilaras kang beda-beda.
·         Wujude wilah saron iku digawe saka logam utawa perunggu. Wilah saron ana 7, kang dawa sakiwa-tengene 20 cm.
·         Tabuh saron digawe saka kayu ingkang rada empuk, wujude kaya palu.
·         Saron nalika dipuntabuh wilahane dipunpencet utawi dipunpatet kangge ngilangake dengunganipun, sak derenge wilahan liyane dipuntabuh.


8.      DEMUNG
·         Demung iku piranti gamelan jawa kang ditabuh lan kalebet ing kelompok piranti saron.
·         Ukuran demung iku gedhi dewe, ingkang paling cilik iku jenenge peking lan ingkang tengah tengah iku jenenge saron barung. 
·         Demung nduweni swara ingkang paling cendhek.

9.      GENDER
·         GendΓ¨r iku salah siji piranti gamelan Jawa
·         GendΓ¨r ing gamelan slΓ©ndro duwΓ© 11-12 wilah sing tipis lan digawΓ© saka logam, manawa ana ing gamelan pΓ©log duwΓ© 12-13 wilah, nanging ana uga gendΓ¨r sing mung duwΓ© 7 wilah.
·         Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengenΓ©.
·         Ana ing sangisorΓ© wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunanΓ© kanggo kothak swara.
·         CaranΓ© nyekel gendΓ¨r ya iku antar InstrumΓ¨n gendΓ¨r ditabuh nganggo tabuh sing wujudΓ© bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
·         CaranΓ© nyekel gendΓ¨r ya iku antaranΓ© driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemΓ¨k wilah iku, supaya swaranΓ© mandheg.


10.  PEKING
·         Peking iku salah sijining piranti gamelan Jawa ingkang dipuntabuh, sejatinipun peking iku saron panerus.
·         Anggenipun nabuh kaping pindho
·         Ukuranipun luwih alit tinimbang saron lan demung. LarasΓ© uga padha laras pΓ©log lan slΓ©ndro.
·         TabuhΓ© kagawΓ© saka sungu kebo, lan ana uga sing digawΓ© saka kayu kang bentukΓ© mΓ¨h padha karo sungu kebo.
·         Saron panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore.
·         Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung nanging wilahΓ© luwih kandel.
·         Wilah sing luwih dhuwur swaranΓ©, ukuranΓ© luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawanΓ© watara 18 cm lan amba 4 cm.
·          Saron panerus nduwΓ© swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingakΓ© karo saron barung.

11.  SLENTHEM
·         Slenthem iku piranti gamelan Jawa sing ditabuh.
·         Slenthem iku disokakΓ© ing panggon sing fungsinΓ© kaya ayunan lan ing ngisorΓ© ana tabung utawa silinder kanggo ngetokakΓ© gema swaranΓ©.
·         Miturut konstruksinΓ©, slenthem iku kalebu kulawarga gendΓ©r, utawa dijenengi gendΓ¨r panembung.
·         Nanging slenthem duwΓ¨ni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafΓ© paling ngisor yΓ¨n ing golongan instrumΓ¨n saron.
·          Kaya demung lan saron barung, slenthem mainakΓ© lagu balungan karo wilah sing winates.
·         Wujud Wujud slenthem iki mΓ¨h padha karo gendΓ¨r.
·         Ananging wilahΓ© luwih gedhΓ© tinimbanggendΓ¨r.
·         Arupa lΓ¨mpΓ¨ngan kuningan utawa wesi kang duwΓ© titi laras.
·         LΓ©mpΓ©ngan iki dumadi kanthi resonansi pring kanggo mbanterakΓ© swara.
·         Nanging uga ana wujud slenthem liyanΓ©, yaiku kaya slenthem kang lumrah, mung waΓ© ing tengahing wilahan nganggo pencon, dΓ©nΓ© tabuhΓ© ora bΓ©da kaya tabuh bonang.
·         Slenthem kang mangkono iku lumrahΓ© kagawΓ© saka wesi.
·         saka tabuhan saron lan demung.

Sumber : Presentasi mapel Jawa










Newest
Previous
Next Post »