Unggah Ungguh Basa Jawi

Unggah-Ungguh Basa Jawi




Unggah-ungguh basa dipunperang dados 2:
a.         Basa Ngoko
1)        Ngoko Lugu
ΓΌ  Sedaya tetembunganipun ngginakaken ngoko.
ΓΌ  Ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) ngoko.
Ginanipun kangge micara kaiyan :
a.    Tiyang sepuh marang putra.
b.    Tiyang sepuh marang tiyang ingkang langkung enem.
c.    Bendara marang abdinipun.
d.   Tiyang ingkang sampun akrab.
e.    Guru marang siswanipun.
Tuladhanipun :
v Kowe saiki wis kelas pira, Dhik?
v Ibu guru saiki arep mulang cangkriman.

2)        Ngoko Alus
ΓΌ  Tembung ngoko disarengi/dicampur kaliyan karma utawa krama inggil.
ΓΌ  Tembung kang diganti krama/krama inggil yaiku kata ganti orang saha tembung kriya (kata kerja).
ΓΌ  Kata ganti utawa sesulih (Aku = kula) tembung kriyane krama. sesulih (kowe = panjenengan) tembung kriyane krama inggil.
ΓΌ  Ater-ater lan panambang ngoko
Ginanipun kangge micara kaliyan :
a.       Kanca ingkang sampun rumaket ananging kepengin ngajeni.
b.      Tiyang sepuh marang tiyang enem ingkang dhuwur pangkatipun.

Tuladhanipun :
v Apa panjenengan sida tindak menyang Jakarta?
v Mas Panji lagi gerah mula ora angel sare.

a.    Basa Krama
1)   Krama Lugu
ΓΌ  Tetembungan sedaya ngginakaken ragam karma.
Ginanipun micara kaliyan :
a.    Tiyang ingkang nembe tepang
b.   Tiyang ingkang langkung sepuh marang tiyang nem
c.    Tiyang nem marang tiyang sepuh ananging boten ngormati
d.   Sesami tiyang sepuh
Tuladha : “Sampeyan boten wangsul?”

2)   Krama Alus
ΓΌ  Tetembungan sedaya ngginakaken krama inggil.
Ginanipun kangge micara kaliyan :
a.    Tiyang enem marang tiyang sepuh.
b.    Putra marang tiyang sepuhipun.
c.    Abdi marang bendaranipun.
d.   Tiyang ingkang dereng kenal.
e.    Siswa marang gurunipun.
Tuladhanipun :
v Simbah badhe tindak pundi?
v Panjenengan sampun dhahar menapa dereng?


Ater-ater di- menawi dipunginakake ing basa krama malih dadi dipun.
Panambang –ake menawi dipunginakake ing basa krama malih dadi –aken.
Panambang –e utawi –ne menawi dipunginakake ing basa krama malih dadi –ipun utawa nipun.

SUMBER : GURU B. JAWA  DI SEKOLAHKU

Previous
Next Post »